Translate

Friday 20 August 2021

MAWUJUDAKEN KAMARDIKAN INGKANG HAKIKI

 


KHUTBAH I

 

إنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا

مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ,

أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا.

 وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا محَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُتَّصِفُ بِالْمَكَارِمِ كِبَارًا وَصَبِيًّا.

 اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلاً نَبِيًّا، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلاَمَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا،

 أَمَّا بَعْدُ،

 فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.

قَالَ اللهُ تَعَالَى : أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ

الر.كِتَابٌ أَنزَلْنَاهُ إِلَيْكَ لِتُخْرِجَ النَّاسَ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ بِإِذْنِ رَبِّهِمْ إِلَىٰ صِرَاطِ الْعَزِيزِ الْحَمِيدِ

 (QS Ibrahim [14]: 1)

Para sedhèrèk Muslim, Jamaah  Jum’at  ingkang pinaringan rahmating Gusti Allah SWT.

Minangka pambukaning atur, mangga kita sami  tansah ngunjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT., awit sampun kathah nikmat peparingipun dhumateng kula dalasan  panjenengan sedaya.

Sak lajengipun, minangka pendhèrèkipun ingkang tansah setya tuhu,  mangga sareng-sareng atur shalawat dalasan salam  kunjuk dhumateng Rasulullah Muhammad SAW., sumarambah dhumateng para keluwarga para sahabatipun, para tabi’in, ugi para tabi’utabi’in ngantos dumugi akhir zaman.

Minangka jangkeping rukun khotbah, al fakir khotib mboten bosen-bosen  tansah atur pémut dhumateng diri kula piyambak, sumarambah dhumateng para jamaah Jum’at, kanthi atur, sumangga tansah ngiyataken iman, nambahi jejeging taqwa kita dhumateng Allah SWT., jumbuh kaliyan dhawuhipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.:

اِتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ، وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا، وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ

“Sira padha taqwaa marang Allah ing ngendi waé mapanira. Imbangana pakartimu kang nistha kanthi tumindak becik, amargo kabecikan bakal hangganti kanisthan mau. Srawunga karo sapepadhané manungsa kanthi kelakuan kang becik.” (HR Tirmidzi ).

Ing satunggaling ayat, Allah SWT sampun paring firman makaten:

....وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَاأُوْلِي اْلأَلْبَابِ

 “....Lan sira padha cawisa sangu, satemené becik-beciking sangu iku wedi (taqwa) ing Allah. Hé wong kang padha duwé akal, sira padha wediya marang Ingsun”. (QS Al-Baqarah [2]: 197).

Ing  pérangan firman ingkang sanès, Allah SWT. paring dhawuh:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

Hé wong-wong mukmin kabèh, Sira padha bektiya ing Allah, kelawan sejatining bekti, lan sira aja padha mati, kajaba mati ing kahanan Islam.” (QS Ali Imran [3] : 102).

Para sedhèrèk Jamaah Jum’ah  ingkang kinurmatan

Kita nembé kémawon mèngeti dinten kamardikan. Lugunipun para penjajah sampun késah saking negeri mriki. Namung raosipun cengkeraman penjajah ing wujudan sanès taksih saget kita panggihaken, saé ing pérangan politik lan ékonomi sarta budhaya. Ajaran Islam, ingkang dipun rengkuh déning mayoritas penduduk negeri niki dipun anggep ancaman. Kita ingkang kepéngin ngetrapaken  ajaran Islam kanthi sampurna dipun anggep radikal. Pitakénanipun, menapa kita sampun mardhika kanthi saèstu?

Para sedhèrèk Jamaah Jum’ah  ingkang kinurmatan

Satemenipun, Islam dipun turunaken kanthi ngemban misi kamardikan  tumrap umat manungsa, kanthi makna ingkang paling lebet, inggih menika mardhikaaken umat manungsa  saking penghambaan dhumateng sesamining  manungsa, lan saking manéka warni  penghambaan dhumateng saliyanipun Allah subhanahu wa ta'ala.

Misi niku dipun pratélakaken wonten ing salebeting nawala ingkang dipun kirim déning Rasulullah shallallahu 'alaihi wa sallam, dhumateng penduduk Najran. Ing antawisipun mungel makaten:

أَمّا بَعْدُ فَإِنّي أَدْعُوكُمْ إلَى عِبَادَةِ اللّهِ مِنْ عِبَادَةِ الْعِبَادِ وَأَدْعُوكُمْ إلَى وِلاَيَةِ اللّهِ مِنْ وِلاَيَةِ الْعِبَادِ

...Amma ba’du.  Ingsung  paring dhawuh (ngajak ) marang  siro kabèh,  supaya ngabekti  ing ngarsaning  Allah SWT.,  lan uga ninggalaké  ngawula marang sak pepadhané  kawula (manungsa). Ingsun uga paring dhawuh marang sira kabèh, supaya padha tansah  jejeg mapan ing sak jroning panguwasané  Allah SWT., lan ngluwari pribadi nira saka penguwasané sapepadhané kawula (manungsa)…  (Al-Hafizh Ibnu Katsir, Al-Bidâyah wa an-Nihâyah, v/553)

 

Misi (tujuanipun) syariat Islam badhé  mujudaken  kamardikan sejati kanggé sedaya umat manungsa, saget karunut, wonten ing wawan sabdanipun Jénderal Rustum saking  Pèrsia, kaliyan  Mughirah bin Syu’bah minangka duta saraya/utusanipun Panglima Saad bin Abi Waqash ra.  Pratélan baku syaréat Islam kala wau kaambalan malih ing wawan sabdanipun Jénderal Rustum  kalian Rab’i bin ‘Amir, minangka duta pangarsa Panglima Saad bin Abi Waqash ra. Piyambakipun kautus, sapengkeripun Mughirah bin Syu’bah,  rikala Perang Qadisiyah ingkang ancasipun kanggé hambébasaken Pèrsia.

Jénderal Rustum miterang dhumateng   Rab’i bin ‘Amir, “ apa sing mbok gawa? Rab’i bin ‘Amir paring wangsulan, “Allah wis paring dhawuh marang ingsun. Demi Allah, Allah wis ngutus marang ingsun supaya ingsun ngluwari marang sapa waé  sing gelem, saka mangawulo ing sak pepadhané kawula (manungsa), ganti ngawulo maring Allah SWT.; saka rupeg ruweting urip  tumuju marang jembaré panguripan; sarta saka pangrusaké (kezaliman) agama-agama (saliyané Islam) tumuju  ing keadilan Islam…” (Ath-Thabari, Târîkh al-Umam wa al-Mulûk, II/401).

Para sedhèrèk Jamaah Jum’ah  ingkang kinurmatan

Islam manolak sedaya rupi penjajahan. Sebab, penjajahan niku hakikatipun minangka péranganipun wewujudan penghambaan dhumateng manungsa. Penghambaan dhumateng  sesamining  manungsa  boten namung dipun maknani kanthi harfiah minangka perbudhakan kados jaman rumiyén mawon.

Penghambaan dhumateng  sesamining  manungsa  ugi saged mawujud ing arupi panyerahan wewenang pandameling pranatan, hukum lan perundang-undangan dhumateng  manungsa, boten dhumateng  Allah subhanahu wa ta'ala. Makaten niku ingkang dados doktrinipun démokrasi: kedaulatan mapan ing  tanganing rakyat (manungsa ). Langkung parah malih menawi aturan, hukum lan perundang-undangan kasebat dipun impor saking pihak asing/penjajah.

Allah SWT. ugi sampun paring pangandikan ingkang kaserat ing kitab suci Al Qur’an, ingkang mungel lan maknanipun makaten:

اِتَّخَذُوا أَحْبَارَهُمْ وَرُهْبَانَهُمْ أَرْبَابًا مِّن دُونِ اللَّهِ

Para wong Yahudi lan Nasrani padha nganggep pendhétané, katetepaké dadi Pangérané … (TQS at-Taubah [9]: 31).

 

Makna ayat kasebat  dipun jelasaken ing salebeting riwayat saking  jalur Adi bin Hatim radhiyallahu 'anhu. Piyambakipun nuturaken bilih sasampunipun Rasulullah shallallahu 'alaihi wa sallam maos ayat kasebat, Adi bin Hatim matur, “Kula boten manyembah (masrahaken dhiri dhumateng ) piyambakipun.” éwosemanten, Rasulullah shallallahu 'alaihi wa sallam paring sabdha makaten:

أَلَيْسَ يُحَرِّمُونَ مَا أَحَلَّ اللهُ فَتُحَرِّمُونُهُ،
ويُحِلُّونَ مَا حَرَّمَ اللهُ فَتَسْتَحِلُّونَهُ؟

قُلْتُ: بَلَى، قَالَ: فَتِلْكَ عِبَادَتُهُمْ

Apa dhèwèké (para rahib lan pendéta) iku ora wis ngaramaké apa kang wis Allah halalaké, banjur sira uga ngaramaké, lan dhèwèké uga wis ngalalaké apa kang wis Allah haramaké, banjur sira uga ngalalaké?” Aku (Adi bin Hatim) matur, “leres.” Rasulullah shallallahu 'alaihi wa sallam paring sabda, “ la yaiku bentuk penyembahané (penghambaan dhiri) (marang  para rahib lan pendéta)” (HR ath-Thabarani dan al-Baihaqi).

Para sedhèrèk Jamaah Jum’ah  ingkang kinurmatan

Ing zaman modern niki, pangrakiting pranatan hukum dados margi tuwuhipun penjajahan utawi éksploitasi ingkang paling ganas. Sekelompok manungsa  ingkang dipun anggep minangka wakil rakyat disukani  kekuasaan ngrakit pranatan hukum hamakili aspirasi rakyat.

Nanging faktanipun, ing pinten-pinten kasus, piyambakipun ngepenaken makili kepentingan sekelompok tiyang kémawon. Sanès mayoritas penduduk negeri. Sedayanipun dados wakilipun panggadhuh modal, pengusaha kakap, cukong lan pihak asing. Kados-kados piyambakipun langkung mangertosi babagan manungso samudayanipun. Piyambakipun ngrampas hak Allah ingkang minangka pangrepta hukum/ pranatan.

Para sedhèrèk Jamaah Jum’ah  ingkang kinurmatan

Allah subhanahu wa ta'ala sampun paring firman:

الر.كِتَابٌ أَنزَلْنَاهُ إِلَيْكَ لِتُخْرِجَ النَّاسَ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ بِإِذْنِ رَبِّهِمْ إِلَىٰ صِرَاطِ الْعَزِيزِ الْحَمِيدِ

Alif, laam raa, (mung Allah pribadi kang priksa tegesé). (Muhammad) Qur’an ini kitab kang Ingsun turunaké marang sira, supaya sira anggo ngetokaké manungsa saka pepetenging kafir marang pepadhanging iman, utawa marang dalaning Pangéran kang Maha Mulya tur Maha Pinuji, kang mengkono iku dhasar printahé Pangéran.  (TQS Ibrahim [14]: 1).

 

Firman Allah subhanahu wa ta'ala niku kabukti ing salabeting sejarah Islam lan umat Islam. Nalika kamardikan  hakiki mawujud saking Islam kanthi margi penerapan syariah Islam kanthi total, ing satengahipun masyarakat, panggesangan ingkang padhang-jingglang ugi saged mawujud. Masyarakat Arab ingkang kala rumiyin sami jahiliyah lan ketinggalan,  awit karana ngetrapaken syariah Islam ingkang kapandhéganan déning Rasul shallallahu 'alaihi wa sallam, ing wekdal ingkang boten dangu, saged wangsul dados pemimpin dunia serta dados mercusuar ingkang saged madhangi panggesangan umat manungsa  lan nyebaraken kasaénan, keadilan lan kemakmuran dhumateng  umat-umat sanèsipun.

 Awit saking menika, sampun wekdalipun kita nyampurnaaken kamardikan  ing wekdal niki, kanthi tumemen hambudidaya wujudipun kamardikan  hakiki niku wau. Kanthi margi mawujudaken ketundhukan total dhumateng sedaya aturanipun Allah subhanahu wa ta'ala, ngudhari diri saking  belenggu sistém ingkang cengkah kalihan tauhid, inggih menika kapitalisme menapa déné komunisme lan idé-idé turunanipun, sinartan hanjejegaken penglaksananipun syariah Islam ingkang kaffah.

Jamaah  Jum’at  ingkang pinaringan rahmating Gusti Allah SWT.

Makaten  ingkang saged kula aturaken ing khutbah Jum’at menika. Hanglenggana bilih sedaya kasampurnan namung kagunganipun Allah SWT. samukawis atur kula ingkang leres awit pitedah saking Allah SWT., lan Rasulipun, mangga kita gondhèli kanthi saèstu. Samukawis atur kula ingkang lepat, awit  saking kirangipun pangertosan pribadi kula, mangga kita bucal sak tebihipun, lan mugi panjenengan sedaya kersa hanglubèraken samudra pangaksami.

Pepuntonipun atur, mangga kita pungkasi khutbah menika kanthi ndedonga sesarengan, mugi kita sedaya tansah pinaringan panjang yuswa, séhat lahir batin, manfaat dunia akhérat. Pinaringan hidayah, inayah lan kekiyatan, sahéngga saged dados péranganipun ahli dhakwah, ingkang tansah sengkut ngrembakakaken jejegipun syariat agami Islam ing salebeting daulah Islamiyah, tansah setya tuhu hanuladhani kanjeng Nabi Muhammad SAW. ngantos  puput yuswa kanthi kawontenan husnul khatimah,  aamiin ya rabbal’alamiin.

 

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

 

Khutbah II

 

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلي وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

 

 عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

KHUTBAH JUMAT DMDI (DEWAN MASJID DIGITAL INDONESIA) https://seruanmasjid.com

 

No comments:

Post a Comment

Entri Populer

Majelis Ulama Indonesia

Radio Dakwah Syariah

Nahimunkar